Sugeng Enjing bocah-bocah,
piye kabare? padha sehat kabeh
muga-muga aku lan kowe diparingi kesehatan lan kasegerwarasan
Ayo saiki wektune sinau Basa Jawa, sakdurunge aja lali dedunga lan dicepakake pirantine gawe sinau.
yen wis kok cepake pirantine kanggo sinau, saiki wacanen wacan ing ngisor iki ya!
Menyang Kebon Apel
Dina kamis kepungkur Nani libur, jalaran dina gedhe imlek. Nani, Dhani, lan Rini diajak bapakne menyang kebon apel. Kebon apel iku dumunung ing Batu, Malang. Pak Budiman bapakne Nani kagungan kebon apel sing jembar. Kebon apel iku diopeni sadulure sing omahe ing Batu.
Kutha Batu pancen kesuwur wewengkon sing ngasilake apel, kekembangan lan sayur-sayuran. Mula Pak Budiman nyoba mbudidaya nandur apel ing kana. Nalika Pak Budiman tindak mrana karo putra-putrane kebone apel kebeneran wayah panen.
Nani, Dhani, lan Rini seneng banget weruh wong-wong sing lagi padha ngundhuh apel. Nani melu ngrewangi methik apel, dene Dhani lan Rini mung ndeleng, durung bisa, isih cilik durung gaduk.
yen wis mari maca wacan ing nduwur, saiki tugase bocah-bocah yaiku:
kerjake Quiz ing ngisor iki!
https://quizizz.com/join?gc=51944152
Matur Nuwun, tetep semangat sinau ing omahe dewe-dewe ya
Komentar
Posting Komentar