Contoh Pranata Adicara dalam Bahasa Jawa "Hari Suci Nyepi"
Nuwun sewu dumateng para sepuh pinisepuh, bapak
ibu umat sedharma ing ngriki kula nggadahi jejibahan pranata adicara badhe
nyigeg dumateng panjenengan sedaya.
Dumateng para mangku ingkang sampun kasuciaken,
dumateng para sepuh pini sepuh ingkah tansah pantes sinudarsana, ingkang
kinurmatan PHDI-WHDI ugi pangembat pangembating praja ingkang sampun rawuh, ingkang
kawula hormati ketua panitia Hariadi Suci Nyepi tahun 1443 saka ugi
sedayanipun, ingkang kawula hormati ketua peradah Dusun Ampelantuk ugi
sakjajaranipun, ingkang kawula tresnani sedaya umat Hindu ingkang sami ngempal
wonten panggonan puniki.
Sakderengipun kula mboten kesupen ngaturaken
salam pangayubagya “Om Swastyastu”,
Bapak Ibu umat sedharma sumangga sepindah kita
sareng-sareng ngaturaken puja pengabhakti dumateng ngarsanipun Gusti Sang Hyang
Widhi mugi-mugi ing dinten puniki kula lan panjenengan sedaya pikantuk Waranugraha
ugi jejibahan kita ing dinten puniki pinaringan lancar mboten wonten satunggal
halangan punapa, kaping kalihipun sumangga ngaturaken puja bhakti dumateng para
Maharsi, Para Pujangga, Para Empu ingkang sampun paring suluh ugi pitutur
dumateng kita sedaya lan utamanipun nggih menika Maharsi Wyasa ingkang sampun
pinaring ajaran suci wonten ing Kitab Suci Bhagawad Gita, Kaping tiga sumangga
kita ngaturaken sungkem angayu bagya dumateng para leluhur ingkang sampun
pinaring tuntunan kang becik dumateng kita sedaya.
Bapak ibu ugi para umat sedharma wodene
rantaman adicara ing dinten puniki nggih menika:
1.
Pambuka
2.
Weda Wakya
3.
Atur Pambagya
4.
Panutup
Bapak ibu umat sedharma, rantaman adicara ing
dinten puniki sampun paripurna. Kula pranata adicara menawi wonten lepat
anggenipun kula mbagi wekdal ugi kula klintu anyebut asma lan pangucap ugi
pamikiran ingkang mboten ceceg. Kula manungsa lumrah nuwun anggunging samudra
pangaksami dumateng ngarsanipun manah panjenengan sedaya. Kanggo pamungkasing
atur kula aturaken puja parama santih,
Om Santih Santih Santih Om
Komentar
Posting Komentar